Tantangan Membaca Siswa #4

Judul                             : Garuda Putih
Penganggit                  : Suparto Brata
Penerbit                       : Penerbit Narasi Yogyakarta
Tahun Babar               : 2009
Panggonan Babar      : Yogyakarta
Rangkuman :
Emi, nalika tangi turu  kaget amarga Abisuna, wong kang nggawa dheweke ing sawijining hotel ing pegunungan yaiku hotel Argadalu wis ora ana ing njero kamar. Esuk-esuk nalika wong loro nom-noman lanang wadon yaiku Manik lan Wicaksana lagi mlaku-mlaku ana ing taman, dheweke namoake mayit. Mayit mau digantung ing sak ndhuwure jirang. Mayit mau ora salah ya Abisuna.
Manik lan Wicaksana banjur enggal-enggal lapur karo meneger hotel yaiku Suhud. Banjur kasus mau ditangani dening polisi saka Surabaya sing njanjane lagi diugasi ngurus kasus durjana Garuda Putih. Kasus diperjayane Abisuna uga ditangani dening detektip kondhang yaiku Handoko, sing uga wis suwengi ana ing hotel Argadalu. Polisi nemoake kertas serbet Argadalu ing njero kaose Abisuna, kertas mau ana tulisane “Ukumane wong slingkuh”. Kertas mau padha persis karo kertas sing ditinggalake nalika ana maling Rajabrana ing daleme Bapak Suryapriyangga ing Surabaya seminggggu kepungkur. Ing kertas sing ditingal ing laci omahe Bapak Suryapriyangga ana tulisane  “sing njupuk aku, Garuda Putih“. Banjur padha ngannggep ten sing merjaya Abisuna kuwi ya Garuda Putih.
Kabeh wong kang ana ing hotel mau diperiksa dening polisi, lan kabeh wong padha duwe rasa curiga dhewe-dhewe. Bagus Pramutih dadi sasaran tudhuhan amarga dheweke gerak-gerike nyurigani. Nanging wis mesti gudu Bagus Pramutih sing merjaya Abisuna, amarga Bagus Pramutih teka ing hotel kana namung dikongkon dening nyonya Abisuna kanggo nyekseni yen Abisuna pancen tenan ora lagi dinas ana ing Malang, nangin lagi slingkuh ing hotel Argadalu. Nyonya Abisuna pikantuk info yen Abisuna lagi slingkuh saka surat budhek sing ditulis ing kertas serbet hotel Argadalu, surat mau jare dikirim dening Garuda Putih. Garuda Putih arep ngukum Abisuna amarga klakuane.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerita Cekak #3

Piwulang #2

Tantangan Membaca Siswa #1