Tantangan Membaca Siswa #5
SPOOKHUIS GEDHONG SETAN
a.Penganggit : Suparta Brata
b.Penerbit : Penerbit NARASI
(Anggota IKAPI) Yogyakarta
c.Tahun Babar : Cetakan Pertama
2010
d. Rangkuman :
Nalika malem jemuwah kliwon sing wis ditunggu-tunggu
nang Totje kanggo nepati janjine marang kanca-kancane arep mbuktekake menawi
deweke ora wedi mlebu marang gedhong setan sing ana nang pasar kembang.
Sederenge Totje lunga marang gedhong setan, deweke nyiapake barang bawaan sing
arep digawa. Totje latian carane motret nganggo tustel. Nalika lagi motret
Totje kaget ibune mlebu kamar karo mesem-mesem merga ana kancane Totje cah
wadon ayu. Totje ora nyangka yen Sonia bakal teka marang umahe nang wengi kuwe.
Tekane Sonia marang umahe Totje merga deweke ngerti menawi Totje arep lunga
marang gedhong setan, lan Sonia arep mbatiri Totje marang gedhong setan. Sonia
wis janjian karo Jaan arep ngancani Totje, tapi Totje ora ngerti menawi Jaan
lan Sonia arep mbatiri deweke marang gedhong setan. Mergane menurut
kanca-kancane gedhong setan terkenak angker tapi kenapa Jaan karo Sonia arep
mbatiri deweke. Totje ngira yen Jaan karo Sonia bakal ngrusak rencanane, supaya
Totje gagal mbuktekake marang kanca-kancane.
Akhire wong telu mau mangkat marang gedhong setan dianter dokar. Tukang
dokare takon marang cah telu mau tujuane marang ngendi, sawise ngerti tujuane
marang gedhong setan tukang dokar mau wedi lan ngira wong telu mau udu
menungsa. Sawise tekan gedhong setan, tukang dokar mau langsung puter balik
cepet-cepet.
Sawise gutul ngarep gedhong setan wong telu mau langsung mbukak gerbang
ngarep sing ora dikunci. Totje mlaku paling mburi, sing nang ngarep dewek yaiku
Jaan lan sing kepindo Sonia. Nalika lagi mlaku Totje nabrak Sonia sing nang
ngarepe tiba mergane peteng. Jaan mlaku ninggali Sonia lan Totje. Ora suwe Jaan
wis ora katon wujude lunga ndisiti. Nalika Sonia karo Totje nggoleti lungane
Jaan, malah Jaan ijig-ijig mlayu marani Sonia lan Totje karo keweden merga
deweke diwedeni dhemit sing matane amba saka lawang gedhong setan lan lawange
ora bisa dibukak. Totje ora percaya, malah ngira kuwi akal-akalane Jaan kanggo
medeni deweke. Totje tetep mlaku lah mbukak lawang sing mau jare Jaan ora bisa
di bukak, tapi nang Totje bisa dibukak. Awale Totje weruh mau lawange mengo lan
saiki nutup merga ana sing nutup. Sonia keweden lan njaluk bali marang Totje,
tapi Totje ngomong marang Sonia nalika nang gedhong iki ora ana dhemite. Wong
telu mau banjur pada mlebu, Totje langsung nyiapake tustel kanggo motret mbok
menawa ana dhemit sing nongol langsung dijepret. Totje mlaku terus lan kabeh
ruangan dileboni. Nalika Totje lagi muteri ruangan Jaan malah nginum-nginuman
keras lan mabok. Totje tetep mlaku karo misine, ora suwe Totje weruh ana andha
kanggo marang loteng. Totje manjat marang anak tangga alon-alon, nalika lagi
manjat Totje krungu swarane Sonia njerit-njerit, Totje ngira yen kuwe
akak-akalane Jaan maneh kanggo nggagalake rencanane Totje. Totje tetep manjat
lan Sonia esih njerit-njerit nang lante ngisor, lan si Jaan malah ngguyu
cekakakan. Nalika Totje tekan anak tangga sing paling ngisor deweke weruh ana
wong wadon disanggul njagong nang cedak tangga. Totje langsung motret wong mau
kuwi, banjur Totje nggagapi wong kuwi lan gedihe isih anget pada metu saka
wetenge wong kuwi. Totje ngira yen wong kuwi tembe wae mati bunuh diri nag
kono, kuwi dudu dhemit. Nalika lagi nggramaki wong wadon kuwi Totje weruh ana
sing gerak saka kamar sing nang pojok loteng. Totje langsung marani marang
kamar kuwi, nalika lagi mlaku marang kamar mau Totje krungu ana swara jeritane
Sonia njaluk tulung merga keweden, Totje bingung arep mudun marani Sonia apa
tetep marang kamar sing mau ana sing gerak. Totje krungu swarane Sonia tambah
genah marani deweka tapi Totje tetep nglanjutake mlaku marang kamar sing ana
nang pojok loteng mau. Nalika Totje mlebu deweke kaget weruh ana sing gemantung
nang kamar, Totje langsung motret nganggo tustele, bar iki Totje langsung mlayu
marani Sonia nang ngisor. Sonia keweden banget weruh Totje, Totje langsung
dithuthuk nganggo sentolop ngasi semaput. Bareng sadar Totje kaget
kenangapa deweke ana nang rumah sakit lan dirubung wong akeh. Banjur mamine
Totje nyritakake nalika deweke semaput dithuthuk nganggo sentolop nang Sonia.
Sonia nuthuk Totje mrga deweke trauma dikira Toje kuwi Jaan. Amarga nalika
wengi kuwi Sonia njerit-njerit merga arep diperkosa nang Jaan sing wis mabok.
Banjur Sonia nuthuk Jaan kanthi mati. Sonia saiki kentir merga kelakuane jaan.

Komentar
Posting Komentar