Tantangan Membaca Siswa #1
Judul :
Lumbung Jati ing Gunung Kendheng
Penganggit :
Partini B.
Pangecapan : Narasi
Penerbit :
Pustaka Utama Yogyakarta
Tanggal babar : April 2017
Panggonan babar :
Yogyakarta
Rangkuman :
Novel Lumbung Jati ing Gunung Kendheng
menika dados sarana pamulangan, ingkang isinipun babagan sambung srawung
salebeting bebrayan. Isinipun inggih menika wiyosipun ingkang nyariosaken
kawontenan dalem swarga Sampeyan ingkang sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwono
IX. Sampeyan putra ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwno VI miyos
saking Prameswari. Sampeyan dalem ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Paku Buwono
VI jumeneng dalem Nata hamarengi.
Gumantine tahun lumaku nut wirama
alam. Desa mawa cara, negara mawa tata. Gremat-gremet waton slamet. Alon-alon
waton kelakon. Kraton Surakarta kagungan adicara. Malem selikuran menika kayata
ndherep kirab, wonten ingkang mbeta ting, piranti ingkang kedah jangkep yaiku
lenga. Supados urupe padhang. Salajengipun wonten gerdu ing pinggir dalan,
milih papan ingkang strategis, lan gerdu menika sami dipun sumet.
Kawruh bab urip saged dipun pendhet
saka isining kasusastran. Sastra menika tegesipun tulis. Ngemot surasa
katrangan. Wonten satunggaling sarjana bangsa Benggala nyariosaken bab
Ramayana. Cariyosipun Satriya Ramayana ingkang tilar kedhatoning rama ngantos
pinten tahun laminipun
Unen-unen ajining dhiri gumantung
lathi, ajining raga gumantung busana. Nyariosaken bab pangageman kajawen
Surakarta tumrap kakung lan dhasaripun saking tata caranipun ngagem ing kraton
Surakarta. Ing kalanganing kraton Surakarta wonten tembung Jawi Jangkep inggih
menika iket blangkon. Blangkon saking tembung blangkon. Wonten ugi rasukan
krowok, sabuk, epek dalah timang saha lerepipun. Wonten serat dhawah Pasowanan,
dipun sebataken Pengageman Jawi Jangkep Padintenan, menika tegesipun rasukan
boten pethak utawi cemeng, dados werni menapa kemawon.
Amanat :
Ing novel
kasebut, wonten unen-unen “Ajining dhiri gumantung lathi, ajining raga gumantung
busana” gadha arti yaiku tiyang sing nyuwun dheweke diajeni, piyambakipun kudu
saged njaga tutuk e ben mboten ngendika sing sengak-sengak, lan piyambakipun
kudu ndamel busana sing sopan lan katutup, amarga ajining raga saka busana.

Komentar
Posting Komentar