Cerita Cekak #1
Judul : Kunarpa Ing Gerbong Pungkasan
Dening : Kukuh S. Wibowo
Majalah : Panjebar Semangat
edisi 43
Tanggal Babar : 22 Oktober
2016
Rangkuman :
Respati, Niken Respati Kusumaningrum. Wong sing ngurusi
urusane Hotel Ndederpenyu ing Tretes. Herkusna Nitibaskara, pengusaha kaloka
ing kutha gedhe lan bapake Respati. Respati marani dhetektif kanggo ngadhepi
perkara sing lagi diadhepi deweke. Telung dina kepungkur bapake masang
adpertensi ning koran. Duduk adpertensi promosi utawa kabar lelayu kaya umume
iklan, nanging byawara yen bapak nedya ngedum warisan marang putra-putrane.
Aneh kan, wong atase perkara kaya ngono kok dipacak ana surat kabar. Bapake uga
isih sugeng, isih sehat, kok moro-moro arep ngrembug dum-dum warisan.
Dhetektif sing jenenge Setyawan kuwi bingung mirengke
critane Respati. Amarga ora ana apa-apa kok bapake arep ngedum warisane. Malah
uga dicethakake yen anggone bakal ngedum warisan iku ana Hotel Ndederpenyu rong
dina candhake. Nanging Respati curiga yen ana perkara siningid sing mung
dingerteni bapake. Akhire, Respati njaluk, Setyawan mara menyang Hotel
Ndederpenyu kanthi sesidheman mbarengi wektu sing ditemtokake bapake kanggo
ngedum warisan. Respati mung kepengin warana iki disingkap supaya wewadi ing
samburine katon cetha.
Amanat :
Dadia anak sing mangerti wong tuwa. Aja sampek kowe ora
ngerti yen wong tuwamu nduwe masalah. Pas wong tuwamu wis tuwa, sing dekne kabeh
nduwe mung awak dhewe, anake. Aja sampek kowe ora iso ngentekake sithik wektumu
kanggo wong tuwa. Mumpung wong tuwa mu isih ana, kula dungakne mugi-mugi wong
tuwa kita sedaya dowo umure lan tansah saras.. Amiiinnn

Komentar
Posting Komentar