Piwulang #1


JAWAH


Jawah yaiku dhawahipun toya seganten sing angop dados mega mandhap teng bumi. Sedayanipun badhe teles menawi kenging jawah. Wonten tiyang ingkang remen uga mboten remen kala jawah. Tiyang mboten remen amargi mboten saget numindakake aktivitas ing jawi griya. Tiyang sing remen amargi jawah damel udara dados sejuk uga srep. Saksampune panas ngentang-ngentang, jawah mandhap dadosaken hawa asrep lan nyaman.

          Manungsa kudu saged nedhak sifate jawah. Senaos kathah tiyang ingkang mboten remen, jawah tetep mandhap bekta hawa adem sing damel ati ayem. Jawah mboten nate omeh kaliyan manungsa sing mboten ngajeni dheweke. Jawah terus mandhap senaos kudu kaping-kaping tumiba.

          Kita uga kudu ngoten, mboten usah ngersula yen kathah cobaan saking Gusti Allah. Dipuntumindakake kanthi ikhlas saking ati wae, ben kahuripan niki tansah diparingi kegampilan. Senaos kathah tiyang sing mboten remen kalih sampeyan, mboten usah omeh.

(إِذَا غَضَبَ اَحَدُكُمْ فَلْيَسْكُتْ (رواه إمام احمد
“Menawi ing antawis sira srengen mila badhea piyambakipun mendel(HR Imam Ahmad)

Mendel mawon, supaya tiyang ingkang mboten remen uga ala dhumateng sampeyan angsal balesan kiyambak saking Allah swt. Mugi-mugi kaliyan kita sedaya nyumerepi sifate jawah, kita saget nguwawi nepsu uga luwih srantos majengi cobaan ingkang kathah tanpa ngersula dhateng Gusti Allah.

Maturnuwun, mugi-mugi saged gina katur sedaya 😇🙏

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Cerita Cekak #3

Piwulang #2

Tantangan Membaca Siswa #1