Tantangan Membaca Siswa #2
Judul : Candhikala
Kapuranta
Penganggit : Sugiarta Sriwibawa
Pangecapan : Narasi
Penerbit : Pustaka Jaya
Tahun Babar : 2002
Panggonan
Babar : Jawa Tengah
Rangkuman
:
Novel Candhikala
Kapuranta karangane Sugiarta Sriwibawa yaiku salah sijining novel Jawa sing
entuk penghargaan rancage taun 2003. Novel sing dianggep unggul nampilake
nuansa budaya Jawa iki kebak tanda lan simbol, perkara iki ketara saka tembung
lan ukara sing digunaake. Awit saka iku novel Candhikala Kapuranta duweni daya
tarik dikaji lan ditliti supaya bisa nemokake simbol lan makna sing ana ning
sakjerone. Perkara sing arep ditliti yaiku kepiye simbol lan makna novel
Candhikala Kapuranta nganggo srana teori struktural semiotik A. Teeuw? Anane
paneliten novel Candhikala Kapuranta iki kanggo ndungkap lan nemokake simbol
lan makna novel Candhikala Kapuranta nganggo dasar teori strukturalisme
semiotik A Teeuw. Pendhekatan sing digunakake ing paneliten iki nganggo
pendhekatan objektif yaiku pendhekatan sing nggatekake karya sastra minangka
sawijining struktur. Cara sing digunakake kanggo bedah karya sastra yaiku cara
catet lan semak, catet kanggo nyatet ukara utawa tembung sing diduga duweni
simbol. Paneliten iki sumbere saka novel Candhikala Kapuranta karangane
Sugiarta Sriwibawa sing diterbitake dening penerbit Pustaka Jaya Jakarta taun
2002. Kasil saka peneliten iki, yaiku jelasake simbol lan makna nganggo kode
bahasa, kode sastra, lan kode kebudayaan. Yaiku nganggo dasar teges lan
pralambang (1) teges lan pralambang nganggo gelar jeneng, yaiku Raden, Raden
Mas, Raden Rara, Raden Ajeng, lan Den Bei. Istilah liane yaiku tembung ma lima
(2) tembung genti wong kapisan lan wong kapindho sing digunakake ning jero
kraton lan jaba kraton, yaiku abdi dalem, kula, kowe, sampeyan, panjenengan.
(3) paribasan sing digunakake, yaiku ilang-ilangan endhog siji, ngono ya ngono
ning aja ngono. Saka kode bahasa yaiku nandakake kahanan wong antarane wong
cilik lan wong panggedhe saka gelar jenenge, rasa hormat sing diwujudake
nganggo tembung genti wong kapisan lan wong kapindho, dene paribasan lan
bebasane duweni piwulangan Jawa ning sajerone crita.
Kasil saka kode sastra
yaiku carane gunakake jeneng lakon wayang, yaiku Janaka, Cakil, Karna, Begawan
Ciptaning, Begawan Mintaraga, lakon Karna Tandhing, lan Baratayuda
Jayabinangun. Janaka yaiku lambang saka ngelmu. Cakil yaiku pralambang saka
wong cilik, Karna yaiku lambang saka norma kasusilan, Begawan Ciptaning lan
Begawan Mintaraga pralambang saka jiwa kang suci. Karna tandhing duweni lambang
saka sifate satria. Bale sigala-gala pralambang saka sikap waspada. Baratayuda
Jayabinangun yaiku lambang saka angkara murka lan watek kamulyan. Pralambang
liane nganggo jeneng sing nganggo jeneng kembang nandakake wangine sawijining
jeneng. Tembung sastra lan sukma nandakake ngelmu sing bisa nguripi. x Dene
saka kode kabudayan yaiku, ananing konsep ketuhanan saka kasil kabudayan Jawa,
yaiku kidung Sarira Ayu lan kidung Marmarti. Kidung Sarira Ayu duweni karep
dongga manungsa marang gusti. Kidung Marmarti yaiku duweni sawijining ajaran
Jawa jaluk sambat karo sedulur papat lima pancer. Saka kasil paneliten iku,
nyaranake supaya sing maca bisa nglestarekake ajaran Jawa iku lan uga bisa dadi
tuladha ngembangake analisis sastra strukturalisme semiotik modhel A. Teeuw.
Amanat
:
Kita
sedaya saged mangerteni crita-crita pewayangan, supaya adat budhaya Jawa mboten
luntur ing era globalisasi saniki. Kathah sing saged kita contoh saking
kahurapaning pewayangan, uga saged ndamel kahuripan kita luwih apik amarga
nyontoh pawatakane saben tokoh ing novel iki.

Komentar
Posting Komentar